![]()
TUTUK
Dening : noor tutik 9a
Meh
saben dinane, sakwise sholat dhuhur, kyai Sulaiman pidhato ing
dhuwure mimbar. Embuh ora ana sing ngerti kenapa dheweke seneng
ngilengke marang jama'ah masjid kanggo jaga tutukke . Ngendikane kyai
Sulaiman, sok neng akhirat, akeh menungsa kang mlebu lan kelelep ing
njero panase geni neraka. Gara -gara ora mampu jaga tutukke, wong kang
seneng gawe fitnah lan hobi ngapusi, seneng ngrasani marang liyan lan
seneng ngomong kasar.
Meneng kuwi emas kayok mengkono ngendikane kyai Sulaiman memper karo
wajah semringah. Kerana emas kuwi penting lan larang regane, mesthi
ngomong kuwi penting lan larang regane. Ora sembarangan wong kang duwe
emas, lan ora sembarangan wong kang biso menen . Cuma wong tertentu
wae sing duwe emas, lan cuma wong tertentu wae sing iso meneng. Emas
digolek nganggo kerja keras, meneng kuwi dientukke nganggo Otak waras.
Kabeh jama'ah masjid padha ngrungoake nasihate kyai Sulaiman, kabeh
melu nasihate kyai Sulaiman. Nanging ora karo Siman, menurute Siman
ngomong kuwi harus lan wajib hukume, kita berdosa nak males ngomong,
apa gunane ngomong nak gusthi seng gawe urip ora nyiptaake kanggo
ngomong ?, nek males ngomong podho karo kita nyianyiaake barang
ciptaan-ne .
"Ileng-ilengen ya, salah sijine keuntungane wong kang seneng ngomong
kuwi luwih populer dibandingke karo wong kang cuma biso meneng ".
Ngendikane Siman karo tangan metenteng .
Siman encen wes mbuktiake, ora ana wong liya kang luwih dikenal kejaba
dheweke. Siman dikenal marang lapisan opo wae, sangka bocah cilek,
wong enom, nganti kaki -nyai. Jengen Siman nempel neng ingatan lan
nempel kuat ning lawang, jendela, lan langit-langit omah. sebagian
wong kang ora senen karo Siman wis nyobo ngubur jengen Siman sak jero -
jerone karo alasan opo wae. Nanging jengen Siman tetep wae .
Siman sadar kuwi lan dheweke wis nyobo meneng selama sedino, Nanging
seng dientoake malah rasa gatal kang pengen ngomang terus - terusan.
" Tutuk-tutukku kenapa kue seng sewot !". Amuke Siman karo salah
sijine kancan . "Iya , aku reti, nanging ya nak duwe tutuk ya dijaga,
ojo sampek tutuk kuwi dijalok karo malaikat !". Ngendikane kancane .
Siman kang keprungu ngendikane kancane langsung ngomong tekan ndi - ndi
lan ora ana wong kang wani karo dheweke, wong kang weruh cuma biso
meneng ngrungoake omongan kang ora jelas kuwi. Keprungu omongane Siman
kang seru lan rodo fales gawe loro kupinge kyai Sulaiman, saengga
ganggu pertapaanne. Ups......, salah seng dimaksud kuwi Dzikir .
"Assalamuailaikum Siman........!" . Sapane kyai Sulaiman sangka
kaadohan. Tutukke Siman ujug-ujug mandek, dheweke goleki asal suara
kuwi. Kyai Sulaiman ngampiri Siman karo gowo Busur Gandiwane, eh kok
koyok perang Bratayudha wae ya ...., sing dimaksud kuwi gowo ember kang
isene banyu, cuma jaga - jaga nak Siman ora biso meneng terpaksa kudu
diguyur. Sakwise ngrasa wis cedak, kyai Sulaiman ngendika. " Maksudku
sih ora ngusir nih man, nanging saesok kue kan lungo mekah, luwih
apek kuwe nyiapke opo wae sing
kok butuhke neng kono !". "Ngendikane pak kyai encen bener, kenapa kula
mboten kepikiran ya ?, nak ngoten kula bali riyen pak kyai, eh, kok pak
kyai gowo ember ?". Pitakone Siman kang lagi penasaran. "Gawe
nyiram tanduran ". Jawab kyai Sulaiman singkat.
Isok kuwi Siman lan jama'ah umroh lainne uga mangkat nuju tanah suci.
Sawetara kuwi, para warga kampung ngrasa tenang, ayem lan tentrem,
nalika Siman ora ana, nanging ketentreman lan keayemanan kuwi ora bakal
suwe, amarga gelem ora gelem Siman kudu bali neng kampunge.
Sakwise Siman Bali sangka tanah suci, dheweke ora patio akeh omonge,
para warga padha penasaran marang dheweke, sebagian warga wis nyobo
ngomong marang dheweke, nanging hasile tetep wae nihil. menengne Siman
gegerake warga kampung, nggawe kyai Sulaiman penasaran, rencanane
sang kyai apeh metui Siman nalika sakwise sholat dhuhur.
"Assalamualikum Siman .......!!!". Sapane kyai Sulaiman alus. "
Waalaikum salam kyai, kok dongaren kyai metuki kula, ana perlu opo
kyai?". Pitakone Siman kang lagi penasaran. " Ngene loh man, aku apeh
tekon, kok dongaren kue ora patio akeh omonge, kok ora koyok biasane,
ana opo toh man?". Pitakone kyai Sulaiman nyambi nglirik wajahe Siman .
"Tutuk kula sampun disuwun malaikat, nalika kulo neng tanah suci ".
Jawab Siman singkat .
Para jama'ah sholat dhuhur kang keprungu ngendikane Siman, kaget
nalika keprungu jawanane Siman, nganti kyai Sulaiman ora biso ngomong
opo -opo maneh. Sawetara kuwi Siman lungo ninggalke kerumunan jama'ah
sholat dhuhur.
Antarane wis sewulan iki para warga ora keprungu omongane Siman sing
biasane gawe geger, rasa - rasane para warga rindu lan kangen nalika
keprungu suarane Siman kang cerewet kuwi, saikine ora ana wong kang
gawe kampung iki rame maneh .
TAMAT
![]() |
Rabu, 02 Maret 2016
cerkak bahasa jawa
Langganan:
Posting Komentar (Atom)


Tidak ada komentar:
Posting Komentar